Ning
Curug Sewu pancen jan alase ki isih alami...wet2 gede yo isih akeh tenan,,
Hawane yo isih seger,ra tercemar polusi koyo ning kota2.
Jurang2e yo isih katon ijo,,dikebaki suket-suket seger.jan enak tenan di deleng..
Kewan-kewan sing ning alas yo podo wae sih okeh,koyo kethek,kidang,kancil,macan,ulo sing seko sak jentik nganti sing sak wit klopo yopodo wae isih mberah.
Opo meneh saiki wes ono kebun binatang z koleksine lumayan lah.
Ngomong kebun binatang Curug sing jenenge "Jurang Kencono" Q nduwe crito pengalamanku dewe ki,tenan g ngapusi..
Ngene,Ning kebun binatang Curug kuwi mau kan ono Koleksi ULar terpanjang se Asia Tenggara,jenis PHyTON dowone krg luwih 12 meter.pokok'e jan gede tenan.
ing sawijine dino dino ndelalah ulo kuwi ucul,lungo ning alas curug..
Kabeh podobingung,mulane terus dianakake sayembara sopo sing iso nyekel ulo kuwi bakal dike'i upah....juta. Lha kuwi,BapakQ "Mulyani" karo pakdheQ "Parmin" kan wes maer2 nek urusan ulo,,rencanane arep ngluru ulo raksasa kuwi..
Nek ra salah dino Setu awan,pas Udan gede bgt..Q,Pak'e,Pakde mangkat ning curug..
Sempet ngiyup ning guwo lingsang (gardu pandang curug) rodo suwe ngenteni udan rodo redo. 1jam udan wes rodo mendo,kondisi grimis wong telu mudun ning cedakke aer terjun. Tiba-tiba pakdheQ mencium ambune ulo,langu...
kan Ulo gede ki ambune langu..
Trus ditutke terus ambune mau,,lewat perengan,warigulan,goa,,nganti ndlasak2 ra karuan...wes jan nganti lempoh...
sempet liren sedelok,trs mlaku neh...
Akhirnya.....
kerja keras kita ra sia-sia...ning perengan dg kemiringan 120* seekor ular raksasa ngrungkel ning pojokan jurang..diameter krungkelane sekitar 1,5 meter...
Mbasan wes ketemu ulone,ki wong telu bingung,,arep dicekel kok wong telu thok,opo mneh jaman semono Q isih cilik..iso dipontang2ke thok malah,,ulone ucul nggagar..
Trus pak'e muleh njukuk kandi(karung + tali) karo ngejak wong..
Ngenteni sekitar 1/2 jam pak'e ngejak wong 2..kaget nggenah ulo gede kuwi,,
Kondisi medan ning jurang rodo ngangelake dalam proses evakuasi...
tapi tetep kudu diteruske,pakde arep nyekel ndas ulo mau..
Srrattttt...ulone langsung srapat mlayu cepet banget...wong limoki langsung reflek nyekeli buntute...saking rosone ulo nganti kelarak sekitar 5 meter,,
Pak'e+pakde langsung luru ndase ulo mau..pancen dowo tenan ulo iki,,12meter...
Pergulatan iki wes sekitar 2jam,tapi ulo rung gelem nyerah...
roso tenan pokoe,,z sekitar 3jam lah ulo iki akhire nyerah juga..ndase dicekel pakdhe dibuntel kaos..wong limo nganti entek tenagane..
Wes saiki tinggal nggowo bali,,manjat duwur banget nggowo ulo raksasa sing gedene ra karuan ra gampang tur neh zo pancen bener2 nguras tenogo...
tapi akhire tekan ngomah juga,,ulo iki bener2 nggegerke sak kampung..kebak langsung ngmahku,,
Tapi podo wae njo do ayem wong2 crug awet ulo iki kecekel,lha ora piye awet ulo iki ucul do ra wani ning sawah utowo ning alas,,podo kuatir mbok ketemu ulo semono gedene kuwi sing wes iso nguntal wong serem ra...
Sempet nginep ning ngmahku sewengi,trs langsung isuke diterke ning curug..dikandang neh nganti saiki...
ki pengalamanku naliko SMP,,pengalaman ekstrem bersama ular raksasa...ning
curug sewu
" salam Cah Curug "