Majune jaman....



Poro dulur ng ngendi wae sampean berada..
Ngulas neh tentang Curug Sewu,,,Lha wong bloge wae Curug Sewu yo kabeh sing ono ning kene z diublek-ublek,diungkapake lan dipratelaake..

Bocah2 Curug Sewu wes bedo bgt 2 mbiyen,,mungkin karna kemajuan jaman,tekhnologi sing wes mutakhir..saiki jan wes do pinter2..nyekele HP,plg ora sing tombole Qwerty,dolanane FB,sing awet bocah TK wes do OL-OLnan.wes ngerti sing jenenge internet. Play station. pokoke sing teknologi2 kuwi...

Bedo adoh karo jamane cilike Q,,mbiyen dolanane ki paling SETINAN (maen kelereng),Jilumpet(Petak umpet),Suda manda,Udak2an(kejar2an),dolanan lempung,nggawe omah2an,bal2an ng kebon,mbalangi omah tawon,,,wes jan kluthuk-thuk....tapi nek kelingn jaman mbiyen ki jan marakke ngguyu wae,ono2 wae ngono lho dilakoni..angger bali sekolah,,wes ra ngopo2,salin langsung blas...nglayap ng bolo2ne,bali sre..

Z ikilah jenenge jaman wes bedo,wes maju,..z pancen kudu iso ngikuti majune jaman..
Nek ora ngono malah ketinggalan jaman,pasif ra ono kembange...
Tapi kemajuan jaman ki z podowae kudu ati2,iso miah milih endi sing apik lan olo...sebab dampake z positive lan negatif...opo meneh nggo wong tuo kudu iso luwih dperhatiake anak2e sing wes modern...jo nganti nyemplung ing perkoro kang olo.
mugo2 kemajuan jaman iki iso dmanfaatke nggo perkoro kang apik lan manfaat nggo kabeh...Nggo warga Curug Sewu khususe lan Warga Indonesia Umume...
Suwun....

Cah katrok,kluthuk,ndeso seko Curug Sewu...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar